Rabu, 03 Oktober 2007

ayo mulih


ayo mulih yo.......
cuti bersama suwi yo....penak e gayeng2 an mulih
rembug rukun agawe santoso
wah etik piye ki mulih ora....

17 komentar:

dodo mengatakan...

wah pasti uenaak banget , sopo yo sing do mulih

kutuk mengatakan...

Aku jane yo pengen muleh je..tapi ora iso muleh aku,aku yo bakdan neng malang karo kel.sentot begitu.
Tapi aku yo bar loro, dadi yo istirahat dulu he.he

maskoe mengatakan...

Lahkok dho Ra mulih piye ki ? aku mung karo mas Gono thok brarti ?

Anonim mengatakan...

wah... aku juga belum pasti ..tapi kemungkinan besar mulih.... jare mabak sing neng salatigi karo yogya jare meh ngelncer neng wonongiri mendekatkan keluarga dari bapak .. yen di pikir asik banget... sukur2 dikei tanah jare mabak enok he..he...

gono mengatakan...

cen tanahe mbah larto uakeh banget ngendikane bapak ..ning didum nang sedulure kabeh, ngendikane tanah amargo mbah larto lurah.....
nang wonogirine jarene enok dino senin...bud mulih numpak mobil wae to...tik nek mulih minggu trus balik malang selasa kan iso to....ayo piknik2 an

Anonim mengatakan...

Jogja pulang hari kamis tanggal 11. sapa pulang duluan dadi tuan rumah kudu nyepake pangana uenak!
yang pulang "KUDU WAJIB BAWA OLEH-OLEH!!".

dodo mengatakan...

wualah-wualah yen nang wonogiri koyo mbiyen maneh jan mantep tenan do ngising nang kali sak durungnge sarean gunung poncol he..he.. aku pengin tenan trus aku wis tau entuk manuk neng sarean, trus opo do arep njaluk tanahhe mbah larto he..he...

Anonim mengatakan...

Tuk,lara apa?ngko yen mulih mesthi mari,wisto yen ra bali gelo lho..
Do isih kelingan to?trus maem pecel neng waroeng tengah desa,lha sesuk yen sido apa perlu sangu maem,nggowo sega neng termos trus sambel karo ndog godog...nggawa tikar...he he...

Anonim mengatakan...

setuju mbak... sangu nganggo termos mengenang jaman mbiyen yen picnic neng jurug.... karo tawangmangu... wah... piye yo... enake'... sing bali lagi nunggu kondisi bintang yen sehat langsung ngacir .... tapi sdh dipersiapkan...mas dodo mulih gak..

dodo mengatakan...

yaaa... aku ra mulih, yen mulih gak cukup duwite to deng, wong wingi bar sak brayat mulih tur tiket yo larang kalau cuma 500 ewu pp yo mulih lha pp 1.400.000 wong papat tombok terus

gono mengatakan...

do...mulih wae...nek kowe ke jakarta kan ngirit...nanti dari jakarta bareng karo aku..mbek herok & bambang...tak enteni

dodo mengatakan...

kowe mulih tgl piro

maskoe mengatakan...

Muluihe arep tanggal 12 bengi , malam takbiran, ning yen kowe arep bareng-bareng ko Jakarta yo tak enteni, piye ?

Anonim mengatakan...

aku tadi malam mimpi bp/ibu datang,bp.ngagem stelan safari,trus bp.tanya:ndah apa adhimu da mulih?jwb.ku:wangsul,ning sing tebih mbok bilih mboten saged,amargi repot transportipun.bp.tanya lagi,:jakarta bali ora,gono bali ora?jwb.ku:wangsul,trus:sing padha rukun,ngati2...begitulah mimpiku semalam.GBU untuk semua and Emanuel,syaloom

gono mengatakan...

wah...seneng nek iso mimpi yo...aku rencana bali lan nunggu kesiapane adik2 (bambang/heru/dodo) ben iso barengan...gandeng bambang tgl 12 isih mlebu, heru tgl 12 sore arep sowan2 nang sedulure, bambang isih ngetung2 tiket (he..he mundak gaji lho) yo aku ngenteni mangkate jam 12 malam tgl 12. sementara dissa wis pengin ke sragen...etik gak bisa ya ? padahal picnic ki tik, budi yo bali to..

maskoe mengatakan...

Piye sidane Do ? sido mulih ora ?

dodo mengatakan...

aku ketokke ora iso yen iso paling dewe trus ndang mulih maneh, masalahe ibune melva ora gelem melu trus dewekkan yen ditinggal gak enak